Sabtu, 09 Januari 2010

NEBUS WETENG

Adat mitung wulan wetengane jaka-lara


Duwe keturunan iku minangka salah sawijine pengarep-arep unggal pasangan rumahtangga. Luwih-luwih pasangan penganten bujang-prawan. Konon, jare penggoroane wong kanda, yen anak pertama iku minangka pralambang becik utawa ala selawaseng jodoh wong rumahtangga. Pantes bae yen rikala jaman semana, pasangan bujang prawan sing nembe arep duwe keturunan, kaya diudag kewajiban njalanaken ritual-ritual kanggo ngilangaken kias, mantak,utawa pemali.
Wis dadi lumrahe yen wong wadon meteng, reka-reka laku lan polae. Sing awit ngidam sing kudu mengkenan mengkenen, kudu ngalungna gunting, yen ana sesawangan sing aneh – aneh kudu eling. Ngucap “amit-amit” lan ngusap-usap wetenge.
Baka umur bakal bocah (janin) ning jero wetengan yen wis ngidek pitung wulan, iku ujare wong tuwa (kuna) kudu dianakaken upacara nebus weteng. Tebus weteng ngemu pertanda sing sapa wonge nembe arep nduweni maujud sing anyar, kudu nebus dikit. Mbari aja nduweni krasa getun sepemburie.
Tebus weteng biasane dianakaken kaya hajatan, ngundang tangga batur lan sedulur-sedulur, ana slametan, lan ana rame-rame. Nanging sejerone acara iku, ana loro acara sing kudu dilakoni dening bakal wongtuwane si jabang sing ning jero wetengan. Bakal emboke jabang rupane sing didadiaken panuju leretan acara adat iku.
Wayah awan sejerone hajatan nebus weteng, disediakaken rujak sing isie campuran pirang-pirang woh-wohan, sing luwih dihususaken yaiku woheng wit kewista. Sebab lamun durung ana campuran kewista iku dianggep rujake durung sampurna, ahire acarae dianggep kurang marem lan adph saking aura metafisis. Pantesan lamun ning daerah sejen, adat semacem kuwen diarani “rujakan” utawa “mitung wulan”. Lantaran dianakaken pas umur si jabang kurang luwih pitung wulan ning jero wetengan.
Teka ning ba’da wayah magrib, slametan dilekasi. Ning gapura arep wis nggletak segluntung klapa sing masi seger. Nyatae klapa dudu sembarng klapa. Tapi klapa sing kulite wis digambari wayang, diselapi duwit recehan lan ditulisi nganggo aksara carakan (ha na ca ra ka ....) uga gambar – gambar sing sejenne. Bubar slametan lan dedonga, wong sing metu luwih awal, langsung ndepak klapa iku, terus langsung dicangking digawa balik
Dina bengie, tasan bubar slametan lan dedonga, sing minangka acara puncak tebus weteng, yaiku bakal mboke bocah dipapah, nganggo tapih sing dikembenaken marani kerombong sing wis disiapaken. Wetengan sing nginjek umur pitung wulan katon njempluk sing kadoan. Manjing ning tempat husus sing digawe bentuke kaya wujude memolo mesjid. Bunder lan pucuk wuwunge lancip. Lawange siji ana ning sebela wetang madep ngulon. Diwera-wera karo hiasan janur lan kertas warna warni. Ning jeroe wis disiapaken jembangan gede (grabah) kebek banyue, pating krembyang kembang werna pitu kambang ning seduwureng banyu.
Dituntun wongtuwa lan mertuwa wadon, bakal emboke si jabang mau diadusi. Gebyarr... gebyur.... sing awit rambut tumekang sikil, diguyur sekujur awak. Gantian, pitung cibuk wongtuwa wadone ngadusi anake, diterusaken mertuwae. Gebyuurr ....
Ora ketinggalan, sedulur-sedulure pada melu ngadusi, sampe-sampe bocah sing lagi meteng mau keatisen, ndregdeg awake, lan biru lambene. Pragat diadusi ning wayah bengi, toli salin lan didandani. Seteruse dikongkon turu lan istirohat.
***
Saking Buku “Gonjing Adat Cemplung Watu” karyane Mang OJI

1 komentar:

  1. acara nebus weteng lamun di ganti sodakoh yatim piatu kayae luwih bagus.

    BalasHapus