Minggu, 07 Februari 2010

Adat amiwiti jabang ngidek bumi

Mudun Lemah

Mbrojole si jabang ning alam dunya lir kadya nduweni sewu rasa lan rumasa dadi sawiji. Akeh pituduh kang maksude ngarah kanggo keslametan bayi lan mboke. Pirang-pirang penjalukan lan sarat sing kudu dicumponi kanggo nyegah lelara uga memala supaya aja gampang tumeka. Dudu bab kuwen bae, ananging kanggo wong sing wis duwe keturunan iku minangka tandane dadi wongtuwa sing kudu tumindak lan nduweni tutur pengucap tliti lan ngati-ati.

Sing awit nyimpen lan mendhem ari-ari tekang ucule cuplak wudel sing disebute muput, ana tata titie kabeh. Uga miwiti bayi digeyong, mbedong, lan nyukur rambut.

Salah siji kejaden sing disambut lan dirameaken yaiku miwiti si jabang ngidek bumi “napak ning seduwureng siti”, yaiku adat mudun lemah.

Kurang luwih umur si jabang pitung wulan sauwise dilairaken ning alam dunya. Selawase kuwen jabang ningkring bae ning duwuran. Mrangkang ning duwur amben, gempulingan, diembang, dipangku, lan digeyong. Wis wayahe bakal manungsa iku ngidek napak ngenalaken lan ngakuraken urip seduwureng bumi.

Tata adat mudun lemah iku mengkenen ;

Wis disiapaken anda cilik sing akehe pitung undak, ning tsngsn-tsngsn pinggiri dipajang kupat-lepet lan lembar-lembar cilik pange wit weringin. Anda cilik iku diadegaken miring kurang luwih patang puluh drajat. Anda cilik lan undak undakenne dibungkus lawon. Ning ujung(bongkot) isor, dijejer cowet-cowet sing isie cadil ditutupi lembar-lembaran godong waru. Akehe cowet pitung iji utawa luwih, dipadakaken karo jumlah itungan wulan umure si jabang rikala “mudun lemah”

Bocah-bocah cilik pada nyakseni, bari wis siap ngadepi cowet siji-siji. Si jabang didandani. Mudun lemah diawiti, kelawan ucapan “basmalah” lan dedonga. Sing mimpin yaiku sesepuh. Jabang dibopong, terus dimunggah mudunaken keloro sikile napaki ning undak-undakan anda cilik.

Wondene kidung kang den tembangaken dening kyai utawa sesepuh sing ngudunaken, bisa pada karo kidung nandur penganten.

Sun amiwiti muju

Anyebut asmane Allah

Kang murah ning dunya mengko

Kang asih ning akherat

Kang njaga ja kungsi pegat

Ya joganne si jabang

Kang nembe tumapak ing duwur siti

Anggen puji Nabi Muhammad

Gusti ingkang Maha suci

Idenana jabang puniki dumadi

....................

Jleg...jleg...jleg

Plek... plek...plek, jabang bayi diudunaken sing duwur undakan anda tekang isor. Terus dibaleni maning sing undakan duwur, mengisor maning. Sampe telung balen. Tapakan sing paling ahir diterusaken sikile si jabang ditempelaken ning godong waru sing nutupi cowet isi cadil mau. Plek...plek...plek....

Brebet.....! kaya bancakan. Bocah-bocah cilik gage narik cowet seadepane dewek-dewek. Ana sing gage digawa balik, ana uga sing langsung dipangan ning bli adoh sing tempat “mudun lemah”.

Bagen mengkonon, acara durung pragat. Sing pungkasan yaiku milih milik ndadar nasib.

Disediani tampah, isie rupa-rupa. Ana tumpeng cilik, buku potlot, perhiasan kemasan, kembang-kembangan, pari gedengan cilik sing iketane wis diudari, bedak pupur, lan sejen-sejenne.

Si jabang sing wis bisa mrangkang iku ditongkrongaken/didodokaken ning duwure tampah, terus dikurungi (ana uga sing sonder dikurungi). Si jabang dewekan, bagen kongkon niteni siji-siji barang sing ana ning iringanne lan ndelengaken pirang-pirang barang ning sekubenge.

Jukutan (rawudan) barang sing terus dicekel, iku pertanda gambaran milik lan medadiane si jabang mbesuk mengko yen wis dewasa. Gambaran lan perlambang iku dibedaraken ning paragrap-paragrap isor iki .

Lamun si jabang nyekeli pari, tandae mbesuk yen wis gede bakal dadi kaum tani, ora bakal kurang pangan, lan bisa nyumponi kebutuan sonder lelungan adoh ngasab ning jagate wong sejen. Cukup molak-malik sawah gen bisa urip mewah.

Lamun njukute gelang kalung barang kemasan, tandae mbesuk bakal ketunggon dunya. Sugih pekaya lan dadi enggon sesambat utawa jejaluke batur-batur sedulur.

Lamun si jabang njukute buku utawa potlot, perlambang mbesuk yen wis gede bakal sekolae duwur utawa dadi juru tulis lan kerja ning kantoran (waca : peggawe).

Lamun ngrawude kembang, tandae mbesuk bakal dadi wong alim, mantep ilmu agamae, malahan ana angepan yen mbesuk bakal dadi dukun kang manjur lan ilmu luhur Lamun nyekeli bae lawon, tandae mbesuk gede bakal dadi tukang dagang utawa sodagar niaga. Kasabe mana-mana lan biasa lelungan

Lamun njukute bedak pupur utawa alat-alat dandanane wong wadon, mbesuk lamun wis gede bakal dadi wong mlatar sing pegaweane paes/dandan bae. Resik lan gampang sumanding jodo.

Lamun njukute duwit, tandane mengka baka wis gede pinter mekaya gemi nyelengi lan ketunggon dunya.

Lamun njukute tumpeng, tandae mengko yen wis gede bakal ora kangelan lngulati dalane pangan. Ana uga sing nyebut tandae bocah iku doyan memangan alias dobal.

Nah, sekiyen lamun mung diobrak-abrik kabeh langka barang sing dijukut, berarti pertanda mbesuk yen wis gede lan tekang waktune bakal keder milih pegawean, bli temtu kasabe, sering gonta-ganti dalan usahae.

Gambaran saking adat “mudun lemah” lan “milih milik ndadar nasib” iku, sampe kapan bae sing dadi wongtuwane bli bakal klalen apa sing dijukute bengen rikala masi jabang. Bagen anake pirang-pirang gen tetep inget siji-sijine. Bab oli-olie “milih milik ndadar nasib” iku nembe dicritakaken mengko yen si jabang beragan utawa wis angkat-angkat nduweni pegawean.

Lamun si jabang nembe ditongkrongaken ning duwur tampah langsung nangis kewedinen, ahire ora nggawa (nyekel) apa-apa. Wong sing nyakseni pada kecewa. Lantaran tandane mbesuk yen wis gede bakal dadi wong sing wedian bocing, cengeng doyan nangis alias mata yuyu.

Jeh jare ujare wong kanda, biasane pertanda lan siloka iku akeh sing cocok. Padahal temtu bae sekabehane bakal kaleksanan iwal berkahe Pengeran Sing Maha Maringi.

Saking Buku “Gonjing Adat Cemplung Watu”

karyane Mang OJI